Sabtu, 26 Januari 2013

    Sinopsis Bawang Merah Bawang Putih

    BASA JAWA BRAMBANG lan BAWANG Kelompok 1. Adininta Margaretha G. (01) 2. Brigitta Ruthy (10) 3. Erliya Vivi (14) 4. Faisal Ade N. (16) 5. Ilham Bahari (17) 6. Nur Rohmah (25) 7. Sugma Alviana (32) 8. V. Hendra Adhari (34) XII IPA 4 SMAN 1 AMBARAWA   BRAMBANG lan BAWANG Sawijining dina ing desa dadapan urip kaluwarga kang urip tentrem. Bapak, ibu, lan bawang urip kang rukun raharja. Ing tlatah liyan ana brambang lan ibu kang digusur omahe. Bapakne bawang krungu kabar duka brambang lan ibune kuwi mau. Banjur bapakne bawang ngajak brambang manggon pindah ing omahe dhewe, ananging ibune brambang nolak amargi ora kepenak marang kluargane bawang. Brambang terus meksa ibune guna gelem pindah omah, pungkase ibune brambang ngalah banjur gelem pindah ing omah , dadi siji uripe bareng bawang lan kluargane. Sakwise brambang karo ibune manggon ning omah bareng bawang lan kluargane, suasana omah dadi seneng dan rame. Ing sawijining dina bapakne bawang diutus tugas ing negri sebrang. Ing ngepasi perjalanan bapakne bawang kecelakaan utawa cilaka tanpa ana kabar lan akeh sing anggep bapakne bawang mati. Krungu kabar kuwi mau ibune bawang jantungen. Bawang kang tresno lan gemati karo ibune banjur ngundang dukun kanggo nambani ibune kang gerah mau. Amargi ibune bawang lara, ibune brambang banjur nduweni niatan ora apik, yaiku arep nguasani bandane bawang lan kluargane. Ibune brambang ngrujuk dukune supaya dukune iku mau ngracun ibune bawang supaya mati lan dukune mau dipengen-pengeni segepok duit. Dina ganti dina, bawang diakon-akon banjur disiksa karo brambang lan ibune, bawang didadekake batur ning omahe dhewe. Sawijining dina bawang dikon ngumbahi pakeane brambang karo ibune, ananging bawang lagi ora mujur salah sijine pakeane brambang keli ana in kali sing gawe ngumbahi bawang. Ngerti klambine keli amergi bawang, brambang murka lan meksa bawang nggoleki klambine sing keli mau, yen klambine iku ora ketemu bawang bakalan diwenehi hukuman saka brambang, bawang gelem ora gelem mbaleni maneh ngubengi kali guna nggoleki klambine brambang amergi wedi dihukum karo brambang. Pas ngubengi kali kuwi mau kebeneran ana iwak mas kang iso ngomong lan nulungi bawang. Amergi bawang kulina lan cedhak marang iwak mau, bawang banjur seneng crita masalahe karo iwak mas iku. Sawijining dina ngepasi bawang lagi crita marang iwak mas iku, brambang weruh. Brambang ora seneng yen bawang seneng, banjur mbengine bawang nyekel iwak mas iku mau . Esuke iwak kuwi dipateni banjur digoreng lan diwenehke bawang supaya bawang mangan iwak senengane iku, nalika bawang mangan iwak iku, brambang karo ibune ngomong yen iwak sing dipangan iku iwak sing senengane diajak ngomong bawang, kaya disamber bledek bawang kaget, banjur nangis lan lunga guna ngubur iwake kuwi mau, ing liya panggonan brambang lan ibune seneng amarga bisa nyiksa bawang. Kuburan iwak iku mau banjur tukul woh wit sing godonge rupa emas. Ing tlatah liya, ana raja kang lara. Tabib kang nambani raja iku mau ngomong yen obat saka penyakit iki ana ing desa sabrang, amergi saking baktine pangeran marang ramane, pangeran banjur lunga golek obate sing dikandani tabib iku mau. Pirang-pirang dina kepungkur, pungkase pangeran nemokake pesenan obat saka tabib iku, yaiku godhong mas. Pangeran bingung amerga pangeran ora iso nggopek godhong mas iku. Pangeran banjur ngoleki sing dhuwe wit godhong mas iku mau, amergi pangeran selak dienteni tabib, pangeran nganakake sayembara, sapa kang bisa nggopek godhong mas iki, yen wadon tak dadekake permainsuri, yen sing iso lanang bakal dijaluk dadi sedulur. Krungu sayembara iku brambang banjur ngaku-ngaku yen wit godhong emas iku gon awake dhewe, nanging pas diakon pangeran nggopek godhong iku brambang ora iso, bawang banjur maju lan nggopek godhong emas iku mau tanpa nyuwun diakon pangeran, pangeran banjur kaget amergi wong kang iso nggopek godhong mas iku rupane elek, ananging pangeran ora luput saka janjine kuwi, bawang banjur didadekake permaisuri, sepisan maneh pangeran kaget jebul wong kang elek rupa mau, dadi ayu amerga awake diresiki. Brambang lan ibune sedih lan diakon lungo saka omahe bawang, banjur brambang lan ibune kuwi didadekake batur gawe bawang kalian pangeran. Pungkasan bawang kalian pangeran urip seneng lan raharja.

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar